Contoh Naskah Drama tentang Unggah-Ungguh

Hai readers, long time no see! Sudah hampir 2tahun ga pernah nulis lagi di blog ini , eh sudah 10.000 pengunjung ajaaaa.. Terimakasih semuaa<3 Nah karena itu nih , kali ini saya akan memposting naskah drama saya yang bertemakan tentang unggah-ungguh/tata krama. Silahkan membaca!

--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



Bojo Tepak Ati

Ing sawijining dina, wonten kerajan kang dipimpin dening Raja Agung kang sampun sepuh. Raja Agung nduweni putra namine Hasan.
A : San,San mreneo aku arep ngomong
H : Inggih,Pak. Badhe ngendhikan punapa?
A : Ngene lo,le. Aku iki wis tuwa, kerep lara-laraan, ora suwi maneh lah. Kowe ya uga wes
gedhe.
H : Inggih,Pak.
A : Nah, mulane bapakpengin ngutus kowe supaya cepet rabi lan ngganteni bapak mimpin
kerajan iki.
H : Ngapunten,Pak. Nanging..kula...anu pak...
A : ANU OPO TO LE!!
H : Anu..dereng kagungan calon,Pak!
A : Oalaa,le. Ana-anu-ana-anu. Ngaget-ngageti wae.
                         Hm, yowis yowis. Yen ngunu, kene ngadakno sayembara wae. Mene isuk bapakk tak
                         ngaturi rewang-rewang kuwi gawe ngurusi sak sembarange.
                                                  
--- Esok dinane---
M : Woro-Woro! Gegayutan karo paripurna tugasipun Raja Agung, Sinuwun Hasan
bakal dadi calon raja sakwise. Mula saka kuwi, sinuwun karep
golek calon bojo. Marang wadon-wadon sing tertarik bisa ngumpul ing ngarep kerajan mengko sore karo nyiapkake penampilane dewe-dewe. Kanggo penampil kang paling apik bakal dirabi dening sinuwun lan dadi ratu ing kerajan iki. Cekap semanten, matur nuwun.