Hai readers, long time no see! Sudah hampir 2tahun ga pernah nulis lagi di blog ini , eh sudah 10.000 pengunjung ajaaaa.. Terimakasih semuaa<3 Nah karena itu nih , kali ini saya akan memposting naskah drama saya yang bertemakan tentang unggah-ungguh/tata krama. Silahkan membaca!
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Bojo Tepak Ati
Ing sawijining dina, wonten kerajan kang dipimpin dening Raja Agung
kang sampun sepuh. Raja Agung nduweni putra namine Hasan.
A : San,San mreneo aku arep ngomong
H : Inggih,Pak. Badhe ngendhikan punapa?
A : Ngene lo,le. Aku iki wis tuwa,
kerep lara-laraan, ora suwi maneh lah. Kowe ya uga wes
gedhe.
H : Inggih,Pak.
A : Nah, mulane bapakpengin ngutus
kowe supaya cepet rabi lan ngganteni bapak mimpin
kerajan iki.
H : Ngapunten,Pak. Nanging..kula...anu
pak...
A : ANU OPO TO LE!!
H : Anu..dereng kagungan calon,Pak!
A : Oalaa,le. Ana-anu-ana-anu.
Ngaget-ngageti wae.
Hm, yowis
yowis. Yen ngunu, kene ngadakno sayembara wae. Mene isuk bapakk tak
ngaturi rewang-rewang
kuwi gawe ngurusi sak sembarange.
--- Esok dinane---
M : Woro-Woro! Gegayutan karo paripurna tugasipun Raja Agung,
Sinuwun Hasan
bakal
dadi calon raja sakwise. Mula saka kuwi, sinuwun karep
golek calon bojo. Marang wadon-wadon sing tertarik bisa
ngumpul ing ngarep kerajan mengko sore karo nyiapkake penampilane dewe-dewe.
Kanggo penampil kang paling apik bakal dirabi dening sinuwun lan dadi ratu ing
kerajan iki. Cekap semanten, matur nuwun.
R : He rek! Kowe eruh , Raja Agung lagi ngadakake sayembara loo..
D : Sayembara? Sayembara iku apa?
S : Sayembara iku lomba,Wik. Lomba gawe mados jodonipun sinuwun to?
R : Iyoo, puener. Syarate guampil,
mung nampilake penampilan kang paling endah.
D : Waah, wis jelas sing menang pasti aku!
R : O,ora isoo. Ora ana sing iso ngalake tarianku.
D : Loo ojo ngenyek, suaraku iki yen wes metu. Waahh langsung mbliyut
kabeh.
Oiyo yen kowe arep nampilno
apa,Sal?
S : Ora eruh aku,Wik. Yen karo penampilanmu kabeh aku pasti kalah.
R : Yoiyo to, jelas iku.
D : Haha iyo, kene kan wis terkenal sampe Cina kono, apa ya jenenge...
Mbenjing!
R : Heh aneh-aneh wae. Ora ana mbenjing kuwi , anane Beijing.
D : Ooh iyo ya..
S : Yawes saiki ayo kene siap-siap.
D&R : Iyo ayo.
---Ing
wayah sore ana ngarep kerajan---
M : Woro-woro! Amarga wis diumumke yen sore iki ana sayembara, raja lan
sinuwun uga
sampun siaga, tanpa ngulur
wektu maneh. Sayembara diwiwiti! *penonton tepuk tangan*
Peserta kapisan , Putri
Rachma, di pun sumanggakaken.
R : Halo, Rek, Sinuwun. Aku Rachma. Aku nyambut gawe dadi DJ. Iyo, dodol
jamu. Mulane saiki aku arep nampilke ngeborku sing pualing mantep. Deloken
yaa.. *nari *penonton tepuk tangan
A : Waw, yoiki le. Wis ayu, berbakat. Opo maneh pas nari, duh mentolo...
H
: Ee ya Allah.. Enget ibuk,Pak.
A
: Astaghfirullah, iyo le. Khilaf.
R
: Lo kan, piye tarianku? Muantep kan. Ya iya, mangkane iku raja kudu milih aku
dadi bojone
sinuwun. Mengko iso tak ser ben dina.
A
: Wadu, yen kowe ora gelem aku wae lah..
M
: Sampun,Raja,sampun. *nggoceli raja
Yowis langsung wae, peserta kaping loro
dipun sumanggakaken.
D
: Kulonuwun..
M
: Sopo?
D
: Kulo
M
: Kulo sopo?
D
: Kulonuwun.
M
: Maksutku jenengmu kuwi sopo??
D
: Oo, kula Dewi.
M
: Arep nyapo?
D
: Nyapu?
M
: Ah mboh wes, karepmu ate lapo wae.
D
: Kula nyanyi wae,ya. Tes Tes *nyanyi *penonton tepuk tangan
A
: Anakku, Hasan. Iki baru cocok banget karo kowe. Ayu, pinter nyanyi, kalem..
H
: Kalemipun mboten punapa pak, nanging yen kudu guneman kaliyan menika saben
dina
saben jam saben menit...astaghfirullah, mboen saged kula
mbayangne,Pak.
M : Oke, yen mengkono, kangge peserta terakhir dipun sumanggakaken.
A : (bisik2) Wadu yen kaya ngene terus kowe bakal ora entuk bojo,le.
H : Kula mung bisa ndungo wae,Pak.
Sapa weruh niki kesempatan terakhir uga terbaik sangking
Gusti Allah.
Amin
A : Iyo,le. Amin.
*Putri Salma mlebu panggung
S : Assalamualaikum,
Raja, Sinuwun.
R&H :
Wa’alaikumsalam
S : Kula ingkang
mriki badhe daftar dados pasanganipun sinuwun. Menawi kula mboten kagungan
bakat kang endah ,rupi kang ayu , utawi harta kang melimpah kados peserta liya.
*penonton nyeru* Nanging kula ndweni ati lan niyat ingkang tulus damel mbiyantu
tugas-tugasipun sinuwun uga setia njagi lan ngrimat dening kasehatanipun
sinuwun.
A : Opo kowe wes
siap gawe nglakokake prakara-prakara mau?
S : InsyaAllah
kula siap,Paduka.
H : Apa kowe
yakin bakal kuat?
S : InsyaAllah
yakin,Sinuwun. *Raja lan sinuwun bisik-bisikan
L : Nah, amarga
kabeh peserta wis tampil saiki wayahe raja lan sinuwun nemtokak sapa sing
pantes dadi
bojonipun sinuwun. Raja sampun nemtokakke? *ngekeki kertas*
Langsung wae
kula umumke pemenang sayembara niki yaiku.... Putri Salma! Selamat..
R : SALMAA??
D : Wah iki pasti
salah hasile.
H : Ora. Hasile ora salah. Aku pancen milih Salma
dadi bojoku. Amarga dheweke duwe ati kang
resik, andhap
asor ,lan kang terwigati yaiku unggah ungguh kang apik.
R : Tapi..Tapi...
Salma kan ora nduweni bakat apa-apa,sinuwun.
H : Ya, bakat iku
mung kamuflase wae. Saktemenane, aku nggolek pasangan kang lembut,
sederhana,lan
sopan tutur lan lakune. Amarga unggah-ungguh iku cermin kang
nggambarake
kepriye kwalitas diri manungsa iku dewe.
M : Tanpa ngulur
wektu maneh. Kula ucapken selamat kangge Sinuwun Hasan lan Putri Salma.
Matur nuwun lan sungeng rahayu.
----Tamat----
Nah, setelah membaca jangan lupa meninggalkan komentar/share ke teman2 yaa.. *jangan lupa juga credit jika ingin me-repost. Chaoo~!
0 komentar:
Posting Komentar